Translate

Minggu, 12 Januari 2014

Biyung

Yung.. Ojo ngarep duit opo maneh bojo karo aku, jaman sansoyo edan, tolemu siji2ne iki wayahe lunga ngemboro nggolek ngelmu ben gampang olehe nggolek duit lan ngragati anak bojo mbesuk.. Ngapurane yung, aku wis akeh ngrepoti, aku ugo nyadari nek aku anake wong ra duwe. Urip prihatin neng pondok wis biasa, ngalor-ngidul nggolek utangan karo kancane dak lakoni yen ncen wesel sekomu telat.. Kangene atiku karo sliramu mung iso tak tahan, isone mung tlp lan ngoret2 kertas lan ndungo marang gusti karo mbrebes mili. Ora perlu sliramu teka njenguk awakku adoh2 koyo opo sing wong tua kancaku lakoni. Pasti ngentekke ragad akeh, aku ngerti kui yung. Sapa ra sneng diparani kanggo jamu kangene ati, tapi opo maneh keaadane ra mungkini.. Nyuwun pandongamu yung ben aku bagas waras bisa gampang olehe nggolek ngelmu, betah neng kana, ngelmuku manfaat lan dadi bocah sing soleh. Aku ugo ndangakke sliramu lan bapak ben gampang olehe nggolek duit kanggo ngragadti aku yung.. Ojo nangis yen aku lungo.. Rumah Kenangan, Wonogiri.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar